Rabu, 14 Januari 2009

Memayu Hayuning Bawono

Secara keseluruhan terjemahan bebas dari Memayu Hayuning Bawono adalah mengusahakan (mengupayakan) Keselamatan, Kebahagiaan, dan Kesejahterann Hidup di Dunia. Sepi ing pamrih, Memayu Hayunig Bawono (credo) Sepi ing pamrih rame ing gawe, Sastro Cetho Harjendro Hayuning Bumi

PIWULANG KAUTAMAN 1 



Pituduh : # 1 

Pangeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewe-dhewe. 

Pituduh : # 2

Pangeran Kang Maha Kuwasa iku anglimput ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi). 

Pituduh : # 3

Pangeran iki Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake. 

Pituduh : # 4 

Pangeran iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati marang bapa lan biyungira. 

Pituduh : # 5 

Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa. 

Pituduh : # 6

Ketemu Gusti (Pangeran) iku lamun sira tansah eling. 

Pituduh : # 7

Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng). 

Pituduh : # 8

Aja sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka “Ngadeg Sarira Tunggal” utawa bisa mengerteni “Manunggaling Kawula Gusti”.

Pituduh : # 9

Aja ndisiki kersa. 

Wewaler : # 10

Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendhu saka Kang Murbeng Dumadi. 

Wewaler : # 11

Aja mung kelingan lan migatekake barang kang katon bae, sebab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng. 

Wewaler : # 12

Aja darbe pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik iya ana, sing ala iya ana, ora beda karo manungsa. 

Wewaler : # 13

Aja lali saben dina elingo marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeran ira.

 
PIWULANG KAUTAMAN 2 
Kautamaning Batin


Pituduh : # 14 

Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan. 

Pituduh : # 15 

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah. 

Pituduh : # 16 

Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.

Pituduh : # 17 

Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.

Pituduh : # 18 

Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

Pituduh : # 19 

Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.

Pituduh : # 20 

Manungsa saderma nglakoni, kadya wayang saupamane. 

Pituduh : # 21 

Mulat sarira, tansah eling lan waspada. 

Pituduh : # 22 

Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.

Pituduh : # 23 

Sing sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.

Pituduh : # 24 

Nglurug tanpa bala, sugih ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.

Pituduh : # 25 

Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.

Pituduh : # 26 

Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe. 

Pituduh : # 27 

Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.

Pituduh : # 28 

Wani ngalah luhur wekasane. 

Wewaler : # 29 

Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.

Wewaler : # 30 

Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe. 

Wewaler : # 31 

Aja lali marang kebecikan liyan.

Wewaler : # 32 

Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene. 

Wewaler : # 33 

Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.

Wewaler : # 34 

Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel. 

Wewaler : # 35 

Aja gawe serik atining liyan lan aja golek mungsuh.

Wewaler : # 36 

Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise.

Wewaler : # 37 

Aja ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe.

sumber By Kismono

1 komentar:

Jagad-Kahiyangan mengatakan...

blog 'jagad-Kejawen' ini saya muat di;

'Jagad-Kahiyangan~POST'
add 'Jagad-BUDAYA'.

please, click link here;
http://www.Jagad-Kahiyangan.blogspot.com.

suwun.
Regard,

(Jagad-Kahiyangan)